Dening : Bunga Citra Lestari

Nalikane wes wayahe balik nang pondok, atiku ngrasa sedih lan gelisah amerga aku gak bakal ketemu karo ayah, ibuk, adek lan keluarga liyane. Sedino sakdurunge aku budal, aku gak persiapan babar pisan. Akhire ben sesok gak keseso, wengine aku ngringkesi barang soale yo wedi nek didukani karo ibuk.

Budal bali nang pondok ana jadwale, yaiku diwatesi mulai jam wolu nganti suwelas awan. Barang-barangku wis tak ringkesi kabeh. Nalika iku, aku kudu nangis ae amerga eleng yen sesok isuk aku wis budal. Nganti jam suwelas bengi aku ora bisa turu, pikiranku gak tenang. Rasa-rasane aku pengen nunda budalku nang pondok, tapi atiku yo gak enak dewe. Piye maneh, aku kudu kuat. Kabeh kuwi halangane wong golek ilmu.

Dina wis tekan shubuh. Kepireng adzan aku banjur sholat. Mari sholat, aku banjur rewang-rewang ibuk ning pawon nggawe donat, masak dan liya-liyane mergo iki minangka rewang terakhir sak durunge aku budal nang pondok. Mari rewang masak aku melbu nang kamar, perlune ngeceki barang-barang ku, wedine ana sing kari. Yen ana sing kari, jelas aku bakal didukani karo ibuk.

Jam setengah sanga, aku wis mulai siap-siap. Nedo, siram lan sakpiturute. Tapi aku budal e rada awan mergo aku ngenteni ayahku ngeterno pasien nang puskesmas karo ngenteni ibuk ngeterno adek budal sekolah.

Nalikane ayah karo ibuk wis ndugi, aku banjur diaturi budal wedine mengko nyampek pondok aku kari lan yen priksa swab e bakal luweh larang merga gak melu sing nang pondok. Sak durunge budal aku pamitan marang ibuk, mbah, paman, budhe, om, lan tonggo omah liyane. Turut dalan aku kudu nangis terus amergo aku wis kesuwen ning omah dadine wis males balik.

“wis to nduk, gak usah nangis. Jenenge urip iku ana dalane dewe-dewe. Sampeyan sekolah mondok ngene iki yo jelas bakal ana hikmah e,” pituture bapak.

Sakmarine ayah ngendikan ngono kuwi, aku malah kudu nangis banget amergo ileng sekabehane. Akhire aku wis nyampek gerbang yayasan lan banjur njujuk ning ngarep sekolah saperlu di tes swab antigen. Tak delok ning sekolah wis akeh kanca-kancaku. Sak durunge melbu arep dites, aku lan barang-barangku disemprot nganggo disinfektan. Mari ngono, aku langsung antri tes. Sakmarine tes irungku ngrasa pengar. Ngenteni hasil tes swab, aku jandon karo kanca-kancaku. Alhamdulillah hasile negative. Banjur aku ngusungi barang-barangku melbu karo aku ngajak kancaku melbu bareng-bareng. Pas nyampek pondok ternyata wis akeh banget sing wis budal, arek-arek ana sing noto barang, nyapu-nyapu, crita-crita, dadine aku iso luwih terhibur. Dina sepisan, aku sedih terus kudu nangis. apa mane pas wayahe shubuh karo Maghrib mesti eleng suasana ning omah.

***
Kahananku sakiki beda karo sing tak critakna nang duwur, Alhamdulillah aku saiki wis krasan banget ning kene. Wis ngrasa yen iki omahku dewe lan kadang males mulih amerga saking krasane aku ning pondok.

Siman, 31 Agustus 2021

*Panulis cerkak sakmenika taksih lenggah ing kelas XI MIPA SMA Unggulan BPPT Al Fattah Lamongan