Dening : Aidatur Runis

Jenengku Aida, aku duwe kanca jenenge Disca. Lha wektu iku Disca lagi ulang taun sing kaping pitulas. Salah sawiji kancaku ana sing duwe ide ngrayakke dina bebungahe Disca. Ide iku banjur disampekake nang kanca-kancaku kabeh. Dilalah kanca-kanca ya pada setuju kabeh. Itung-itung gawe seru-seruan.

Isuk e wancine sekolah. Nalika pelajaran olahraga nang lapangan, ana materi latihan ninju samsak. Siji-siji kancaku dikengken ninju samsak dening Pak Sukur. Lha pas tutuk jenenge Disca niku, Pak Sukur disanjangi kanca-kanca yen wayahe Disca aja oleh leren ninjue sampek suwe.

“Lho, kenapa kok dikengken suwe, gak sakno, Tha?” pak sukur takon. Kanca-kanca pada jawab, “Ngeten, Pak, Disca niku lagi ulang taun. Arep digudohi mboten napa-napa kok, Pak.”
Kanca-kanca pada guya-guyu dewe amerga seneng ndelok Disca sing ora mandek-mandek ninju samsak. Nah, aku sing paling ketok bungah tinimbang kanca-kanca. Dumadakan Disca ngewasi aku. Banjur dewek e katon nesu karo terus ninju samsak.

Aku karo kanca-kanca ngirane gak bakal dadekake Disca nesu. Dumadakan Disca marani aku kaya dendam banget. Senajan niatku mung arep nggudohi Disca amarga ulang taun nanging jebule ide kasebut gawe Disca dadi depresi lan nesu.

Pungkasane, Disca ngajak padu karo aku nang tengah lapangan. Senajan akeh sing ngguyu dheweke nanging aku dadi target. Nalika semana suwasana seneng dadi tegang amarga ana padu.
“Lapo kok rika seneng banget nek aku soro,” Disca ngomong kaya mangkana nalikane padu karo aku. Terus aku jawab, “Lah rika lho ulang taun, tak piker ya bakal seneng yen digudohi kanca-kanca. Tibak e rika malah ngamuk. Ambek an lho sing guyu rak gak aku thok, tapi aku sing rika salahke.”

Sawise padu, Disca nangis lan ditekani guru. Aku thok sing dikengken njaluk sepura padahal sing guyu Disca ya akeh. Akhire, aku ngalah ae, aku jaluk sepura marang Disca. Piye maneh, sing penting aku lan kanca-kanca bali rukun maneh.

*Panulis sakmenika ngancik ing kelas XII MIPA SMA Unggulan BPPT Al Fattah Lamongan