Dening : Arini Dwi Q.A*

Sediluk engkas wis wayahe masuk sekolah lan lenggah ing bangku SMA. Ora krasa yen aku wes lulus saka SMP. Miturutku, wayah SMP iku mangsa sing nyenengake lan kebak kenangan indah karo kanca-kanca sing ora bisa dilalikna. Lan saiki, aku mulai gugup amerga sediluk engkas wes mlebet SMA.

Kanca-kancaku wes pada duwe tujuan sekolah sing dipilih. Rata-rata sekolah favorit. Aku uga duwe kepinginan dewe. Kepriye sakwise SMP iki aku mondok karo sekolah. Kepenginanku mondok iki awit aku ijek sekolah nang SMP kelas 7, nanging Bapak karo Ibu durung ngestoake aku sebab aku ijek cilik.

Bapak karo Ibu duweni usul yen aku mondok pas wayah SMA. Aku ngrasa yen mondok iku bakal pikantuk pengalaman uga kanca anyar. Aku uga oleh informasi saka sepupuku babagan mondok.

“Tia, sampeyan yen mondok betah, Tha?” Pitakonku.
“Betah, Yun, amerga kabeh sing dilakoni iku bareng-bareng. Tapi sampeyan ya kudu sabar yen mondok amerga kudu antri, lan siji maneh, sampeyan bakal duwe kanca akeh lan nambah wawasan,” jawabe Tia. Sak marine Tia ngomong ngunu, aku langsung duwe gambaran babagan mondok.

Pas wayah isuk e, aku kumpul karo keluwargaku ana Bapak, Ibu lan kakakku. Aku langsung matur yen aku kepengin mondok.
“Pak, Bu, aku kepengin mondok,” aturku.
Bapak lan Ibu jawab, “Gak apa-apa, Nduk. Nang budal mondok. Bapak karo Ibu wes ngestoni yen sampeyan purun mondok.”
Kepireng dawuhe Bapak lan Ibu, atiku sumringah sak kala. Cerita iki sing dadi awale aku dadi santri.

*Panulis kelahiran Dadapan, Solokuro, Lamongan sakmenika taksih lenggah ing kelas XII MIPA SMA UNggulan BPPT Al Fattah Lamongan.